Musik
Lirik Lagu Smaragita - Adif Marhaendra feat Linda Adista
TRIBUN-VIDEO.COM - Simak lirik lagu Smaragita - Adif Marhaendra ft. Linda Adista:
Gementaring jiwa nglaras tembang ngudhari rasa
Bab kabagyan sesandhingan lan sliramu
Ayemku lan sliramu kangmas
Nora beda ingpangrasa
Smaragita ngrenggani ati
Paribasan tembang datan pinisah lan wirama
Tanpa rasa lamun datan reruntungan
Aweta reruntungan kangmas
Nora bakal kapisahna
Smaragita rineksa atiku
Lan sliramu
Amung sliramu
Tembang katresnan rineksa kalbu
Tembang lan wirama,datan kapisahna nimas
Semana uga aku lan sliramu
Kembang kembanging ati anglaras tembang katresnan
Eman lamun amung satleraman, aweta trus reruntungan
Tembang tembang katresnan tetepa ngumandhang mbabar kaendahan
Datan pisah wirama lan tembang
Semana uga aku lan sliramu
Lan sliramu
Amung sliramu
Tembang katresnan rineksa kalbu
Sumber: Tribun Video
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.