Selasa, 20 Mei 2025

Lirik Lagu

Lirik Lagu Anak Lanang - Ndarboy Genk: Senajan Uripku Rekasa Ikhlas Bekti Kanggo Keluwarga

Rabu, 22 November 2023 10:08 WIB
Tribun Video

TRIBUN-VIDEO.COM - Simak lirik lagu Anak Lanang - Ndarboy Genk:

Anakku lir bagaskara
Gumebyare gawe tentreming ati
Pawelinge rama ibu, laku becik tindakna
Aja lali budi pakerti kang luhur
Dadi satriyaning bangsa
Tan ngendhak gunaning janmi

Mbiyen omahku gedheg
Trocoh yen udan bledheg
Bapak kerja yen mung ana proyek
Mbiyen durung keramikan
Arep turu adhem kanginan
Penting saben dina isa mangan

Saiki aku wis gedhe
Isa golek dhuwit dhewe
Sanajan mbiyen mung isa nyusahke pak’e buk’e
Ngapurane, saiki aku wis kerja
Senajan uripku rekasa
Ikhlas bekti kanggo kaluwarga

Aku iki anak lanang
Kerjaku mung turut dalan
Muga isa mulyaake drajate kaluwarga
Pak’e buk’e rekasane, ngrawat aku nganti gedhe
Cen kathah luputku, kula nyuwun pangestu

Kathah klenta-klentu kula nyuwun donga restu
Mbiyen pedhot sekolah
Marga kahanane susah
Weling bapak, dadi wong sing nggenah

Mbiyen durung keramikan
Arep turu adhem kanginan
Penting saben dina isa mangan

Saiki aku wis gedhe
Isa golek dhuwit dhewe
Sanajan mbiyen mung isa nyusahke pak’e buk’e
Ngapurane, saiki aku wis kerja
Senajan uripku rekasa
Ikhlas bekti kanggo kaluwarga

Aku iki anak lanang
Kerjaku mung turut dalan
Muga isa mulyaake drajate kaluwarga
Pak’e buk’e rekasane, ngrawat aku nganti gedhe
Cen kathah luputku, kula nyuwun pangestu

Cen kathah luputku, kula nyuwun pangestu
Kathat klentha klenthu kula nyuwun donga restu

Mbiyen pedhot sekolah
Marga kahanane susah
Weling bapak, dadi wong sing nggenah

# Lirik Lagu # Anak Lanang # Ndarboy Genk

Editor: Dyah Ayu Ambarwati
Sumber: Tribun Video

Tags
   #Lirik Lagu   #Anak Lanang   #Ndarboy Genk

Video TERKINI

© 2025 TRIBUNnews.com,a subsidiary of KG Media.
All Right Reserved