Musik
Lirik Lagu Tembang Donga - Soimah: Sliramu Wis Dadi Priya Kang Sejati Hambangun Bebrayan Mulya
TRIBUN-VIDEO.COM - Simak lirik lagu Tembang Donga - Soimah:
Ra kerasa wis seprene nggonku nggedeke
Kaya lagi wingi tak kudang lan tak rumati
Trenyuh ati iki nyatane taun wis ganti
Sliramu wis dadi priya
Kang sejati hambangun bebrayan mulya
Ngger, anakku rungakna ibu
Titip tembung nggo sangu urip
Madya ning bebrayan agung
Gemi LAN nastiti, sing sabar lan ngati-ati
Mugiya nggonmu bebrayan
Selawase tansah pinaring kamulyan
Tangismu dadi donga ning atiku
Saben esemmu dadi cahya dalanku
Tangan sing wit cilik tak gegem
Saiki kudu tak culake merga wis titi wancine neruske dalan uripe
Donga lan pangestu
Mung kanggo sliramu
Tembang dongane ibu
Genggemen jero atimu
Gusti bakal mayungi
Saben kabeh langkahmu
Langgeng setya tuhu
Saka ijab kabul nganti pungkasing wektu
Donga lan pangestu
Mung kanggo sliramu
Tembang dongane ibu
Genggemen jero atimu
Gusti bakal mayungi
Saben kabeh langkahmu
Langgeng setya tuhu
Saka ijab kabul nganti pungkasing wektu
Sumber: Sumber Lain
Isi komentar sepenuhnya adalah tanggung jawab pengguna dan diatur dalam UU ITE.